Selamat 2012 ---halah, iki kan absurd, batas imajiner.

ora opo-opo wes, seng penting aku iseh selamat sampai umur sekian :D dan punya pacar (hehehehehehe ketawa Shin Chan).

percoyo ora cah, nak isuk ngene (jane yo wes kawanan) aku ngrungokke lagu-lagu India... lagune kishore kumar, udit narayan, dilwae, lan sak piturute. padahal, sak durunge aku seneng ngrungokke good charllotte, the killers, silverchair, avanged7fold, lak konco-koncone.

wah, nyatane yo penak tenan og lagu india iki, tapi nak kesuwen marai kupingku bosok :D.

iki ngelingke aku dek wingi pas dolan nyogjo, pas ono jogja bienale... emboh seng kepiro, seng jelas tema ne tentang paduan india-indonesia ngunu. aku mlaku-mlaku karo pacarku, koyo neng pilem-pilem india seng thak tonton jaman cilik biyen. hehehe

neng taman budaya ndelok poto-poto wong india, ngrungokke lagu india, nonton pilem india, lan sak piturute (padahal yo gur ngunu kui, ra ono seng apik neng bienale tahun iki).

tapi kelingan, dek jaman iseh kuliah (jane yo wes ra kuliah, wong gari garap skripsi) aku etok novel india seng marai nangis nak moco, tapi apik tenan. novel kui akhir e thak hadiah ke levi, konco seperjuangan nang code seng saiki wes pindah nyang balikpapan, omah e dewe.

novel kui dipilemke, ono beberapa seri, lan pas jaman biyen pilem kui nge-hits jarene. aku nonton pilem kui karo levi, karo siji neh sopo yo aku kok ra kelingan... pokok e cah telu, ng kontrak ane levi.

yo gur ngunu kui ceritane, ra menarik to? wes jan, salah moco koe! :D