Aku lagi pengin nulis nganggo boso seng ra pati takpahami. Iki mergo otakku rodo konslet, emboh wingi ki kecebur ng BKT opo nga kali ciliwung. Pokok e, ngerti-ngerti dadi ngene ki rasane. Haduh, ketok e meh kumat... do nyingkir yo, ngko ndak ketularan pinter.

Ket wingi ki aku nggowo buku ne Camilo Jose Cela, kang judule "Keluarga Pascual Duarte." Nak tak pikir-pikir neh, ket aku nggowo buku iki, otakku dadi rodo suloyo. Jan, iki buku tipis tapi ono aji-ajine.



Cela ki sastrawan sek tau nerimo hadiah nobel. sak ngertiku yo, tulisanne Cela ki puitis banget. Ng pengantar e diceritak ke, Cela dianggep sastrawan seng pinter anggone nyiptakke keindahan soko "sesuatu yang tak ada artinya". Lha, ngapunten nak boso ku boso hutan... ra karuan... mergone otakku lagi ra nyandak marang seng genep-genep... yo ngene ki nasib wong loro neurosis, kabeh wong dianggep dudu kewan (lha lak yo bener to??? salah dul, wong Darwin ae ngomong nak awak e dewe ki asale ko munyuk... dadi, nak akhire aku dadi ngak-ngik-nguk koyo munyuk, yo ojo salahke ndonyo ne. )

Balek ng Cela maneh.... soko buku iki,  aku sinau kang sak durunge ora terlintas ng pikiranku. Aku seneng banget moco kata pengantar bukune Cela iki. Iki siji-sijine buku seng pengantare wae tak woco peng pirang-pirang. Lha piye to, Anthony Kerringan ki nulise jan koyo wong edan ucul kok....

"Ada tiga sastrawan terbaik yang berpihak pada orang-orang terkutuk--dalam situasi khusus berpihak pada orang-orang terkutuk-- .... "

Lha, orang-orang terkutuk ki lak sak jane segolongane karo aku to? Mergo kuwi, aku dadi seneng, soale ono seng mihak wong-wong koyo aku ki. Yo, sak jane ra penak ngakoni awak e dewe ki terkutuk, tapi nak ora ngaku, ngko ndak didarani wong sugeh. La, aku ki dudu wong sugeh jhe...

Trus, bahasene Cela ki emang top banget... alias top-x! hohohohoho  Buku iki jane dudu ngon aku. aku leh nyolong soko koncoku. mergo bukune apik koyo ngene, yo tak jupuk wae. lagian, koncoku kae ra mudeng sastra, paling-paling moco gur kanggo gaya-gaya, ben ono wong wedok seng ngiro dewek e pinter. Lha nak aku emang wes pinter... wes jan, edan tenan ki!

Keluarga Pascual Duarte iki cerito ng Spanyol kono. Spanyol coret. Soale, cedak karo negoro Portugal. Pascual ki wong kere, uripe gur ngolah tanduran karo buru kewan-kewan ng hutan. Pawak ane gedhe duwur, tak bayangke Pascual kuwi akeh wulune. Sangar. Suarane abot. Tangane koyo kayu. Uripe nelongso, ora mergo dewek e ki ra iso mangan, tapi mergo adi-adine karo keluargane. Bejate wong-wong kuwi mergo keadaan, ora mergo ono pilihan kanggo urip bejat.

Tapi, Pascual kuwi emang temperamental, jarene. Tapi, nak tak woco, pascual kuwi sak jane sabaran. yo gur keadaan wae mekso dewekke mateni wong.

Yo. wes, cerito kuwi apik tenan. Tapi, nak tak ceritakke mesti dadi kesan ne elek tenan, mergo carane leh ku cerito koyo tarzan bar latihan boso jowo. Dadi yo ngene iki, dadi koyo wong bar ko neroko trus dikon cerito...

wes yo cah, ketok e aku meh mari ki... meh waras neh.

Tertanda,
Tovek (titik)